Laire Gathutkaca

Ing Kahyangan Jonggringsaloka, para dewa ketekan tamu baladewa, Baladewa lagek wae oleh impen menawa kahyangan ketekan banjir. Kasunyatan, kahyangan pancen lagi ngadepi serangan saka Kala Sekipu. Baladewa nyoba nandingi Sekipu ananging sik kalah.Batara Guru banjur ngutus Batara Narada supaya mudun menyang bumi kanggo maringake pusaka wijayadanu lan wijayacapa marang arjuna kanggo nandingi Sekipu. Orah disangka-sangka, pusaka kuwi mau malah kecekel dening Suryatmaja kang raupane sakemper karo Arjuna.

Wektu iku Arjuna lagi ana alas, goleki kayu kastuba mulya kanggo ngiris tali pusere Gatutkaca. Ndilalah, orah disangka-sangka dewa Narada teka lan paring kabar yen pusaka wijayadanu lan wijayacapa kang bakal diwenehake marang arjuna wus kecekel dening Suryatmaja, Arjuna orah nggathekake. Mung siji kang digoleki Arjuna, kayu kastuba mulya. Narada ngendikan maneh, yen rangkane pusaka wijayacapa iku kagawe saka kayu kastuba. Saka kuwi Arjuna mulai gelem nekani Suryamaja kanggo nyilih rangka wijayacapa kuwi mau. Ananging Suryatmaja orah gelem nyilihake pusakane, perang orah bisa dicega maneh. Sakwise perang suwe, akhire suryatmaja gelem ngiris tali pusere bayi Gatutkaca.

Ing Pringgadani, werkudara, Puntadewa, lan Kresna wus orah sabar ngenteni tekane Arjuna kang lagi golek kayu kastuba kanggo ngiris tali pusere Tetuka. Arjuna teka bareng karo Suryatmaja lan Narada. Banjur Suryatmaja dewe kang ngiris tali pusere Tetuka. Orah disangka-sangka sakmarine tali pusere diiris lan tugel, sarung wijayacapa mlebu nang njero wetenge Tetuka. Suryatmaja wedi dewe lan mlayu ninggalake Pringgandani. Mlebune rangka wijayacapa ing njerohne weteng Tetuka orah mbebayahake, malah bisa nambah kasekten. Nanging Gatutkaca orah oleh musuhan utawa perang karo Suryatmaja, Gatukaca orah bakal kuat nandingi pusaka wijayadanu duweke Suryatmaja.

Werkudara, Arjuna, Kresna lan Narada budal ana ing kahyangan kanggo ngadepi Sekipu lan Kala Pracona. Werkudara lan Arjuna kalah. Kresna nyaranake supaya Narada nyusul bayi Tetuka kanggo dadi jagone para dewa.

Kala Pracona orah gelem perang musuh bayi, mula saka kuwi Tetuka kudu cepet di dewasakake ing kawah Candardimuka. Saka bantuan Empu Ramadi lan Anggajali, bayi Tetuka cepet dewasa dadi Gatutkaca kang duweni otot kawat balung wesi. Akhire Kala Pracona lan Sekipu bisa dikalahake Gatutkaca. Kahyangan Jonggringsaloka balik tentrem maneh.

Alasan :
Wacana di atas termasuk ke dalam wacana jenis narasi karena wacan di atas merupakan cerita tentang lahirnya Gathotkaca. Wacana jenis narasi meliputi perbuatan atau aksi. Terdapat urutan waktu, juga terdapat konflik yang terjadi antara tokoh-tokoh yang ada dalam cerita tersebut.

http://www.jonggringsaloka.org/js/?pilih=news&aksi=lihat&id=25

0 Komentar Yang Ada:

Posting Komentar

:: Komentar Terbaru ::

:: Artikel Terbaru ::

:: Tab ::

Tab 1.1
Tab 1.2
Tab 1.3
Tab 2.1
Tab 2.2
Tab 2.3
Tab 3.1
Tab 3.2
Tab 3.3