Kakawin Ramayana

Prabu Dasaratha saking negari Ngayodya kagungan putra sekawan; Rama, Bharata, Laksmana saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami Wiswamitra ingkang nuwun tulung Sri Paduka Dasarata mb?basaken patapanipun saking para raksasa. Lajeng Rama saha Laksamana tindhak.

Ing patapan mrika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sedaya raksasa lajeng nuju negari Mithila amargi wonten mriku wonten sayembara. Sok sintena ingkang menang saged angsal putri raja anami D?wi Sita. Lajeng para pasarta dipunk?n ngrentangaken gandh?wa panah ingkang nyertani wiyosanipun sang Sita. Mboten wonten ingkang saged kajawi Rama, lajeng kakalihipun krama lajeng wangsul dhateng Ngayodya.

Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun lar? mbarep. Anging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata ingkang san?s ibu Rama sanjang menawi sri paduka nat? ngandika menawi Barata ingkang bakal dados raja. Lajeng mawi abot manahipun raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit panc?n nat? janji mekaten. Lajeng Rama, Sita kaliyan Laksmana tindhak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata s?da lajeng Barata madosi. Piyambakipun rumaos mboten pantes dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa wangsul. Anging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun (basa Sansekreta: pāduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun.

Lajeng Rama, Sita saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng mindha dados wanodya ayu. Anging Laksmana mboten saged dipunrayu, malahan wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha nepsu lajeng pradul kaliyan kangmasipun sang Rawana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngek?n Rawana nyulik Sita kaliyan ngep?k dados s?mahipun.

Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kangg? nyulik Sita. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang ?ndhah. Sita katarik lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih Laksmana, tindhak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget, mboten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si kidang emas njerit kesakitan lan ?wah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngek?n Laksamana madosi. Laksmana mboten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunl?haken kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngep?k piyambakipun. Wusananipun Sita dipuntilar piyambakan lajeng saged dipunculik Rawana.

Jeritanipun sang Sita karungu d?ning peksi sang Jatayu ingkang nat? dados r?ncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sita. Anging Rawana langkung kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan marang Rama saha Laksmana menawi Sita dipunbekta marang Lengka, ing kedhaton sang Rawana.

Lajeng Rama saha Laksmana dhumateng ing kedhatonipun Rawana. Ing satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali punika nyulik s?mahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng s?mahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih s?napatinipun Hanuman, satunggiling keth?k pethak, sedaya saged mejahi Rawana kaliyan mb?basaken Sita. Sita saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.

http://www.jonggringsaloka.org/js/?pilih=news&aksi=lihat&id=22

alasan :
wacana di atas termasuk ke dalam jenis wacana narasi karena wacana tersebut berupa cerita tentang asal-usul Kakawin Ramayana. Dalam wacana tersebut terdapat urutan waktu, terdapat alur yang jelas yaitu alur maju. Aksi atau tindakan juga terdapat dalam wacana tersebut. Konflik antar manusia juga terjadi di dalam cerita tersebut. Sudut pandangan penulis serba tahu, sehingga dapat mengetahui dan menceritakan peristiwa apa saja yang akan terjadi dalam cerita.

0 Komentar Yang Ada:

Posting Komentar

:: Komentar Terbaru ::

:: Artikel Terbaru ::

:: Tab ::

Tab 1.1
Tab 1.2
Tab 1.3
Tab 2.1
Tab 2.2
Tab 2.3
Tab 3.1
Tab 3.2
Tab 3.3